Operasi Zebra (16-29 Nopember 2016)

Sugeng siang, Dulur2 kabeh saiki POLISI sak Indonesia lagi ngelaksanake “Operasi Zebra″ Bareng2, Insya ALLAH mulai  tanggal 16 sampek 29 Nopember 2016 (13 dino)....
Makane, Nek saiki akeh operasi yo ojo kaget karo shok, Trus ojo muni2, “Polisine nggolek2 .. !!!!!
Operasi iku tujuane iso nemoke motormu, yo Motore tonggomu, yo kancamu, pakdemu, simbahmu seng ilang, yo seng dimaling lan Sekalian nertibke masyarakat ben iso taat karo hukum seng wes di gawe karo wakil rakyat neng Jakarta kono..
Mamulo Program Operasi iki/  luweh mentingke kegiatan penegakan hukum kanggo poro pelanggaran lalu lintas seng marai nyebabke Tabrakan lan kejahatan kendaraan .....
Operasi Zebra iki di back up TNI karo POM TNI sak Indonesia, Mulakno Lha mulai saiki monggo Sampekke neng Sedulurmu, Tonggomu, Gurumu, Koncomu, Pacarmu, Dosennmu, (pokok ojo neng Selingkuhan utowo gendakanmu, soale mesakne lan nggk apik kanggo bojomu) supoyo nglengkapi dokumen kendaraane (SIM karo STNK) tok ae, BPKB ora usah digowo mundak ilang nko, Mending mok lebokke Bank utowo Koperasi wae malah aman trus iso dadi duit sisan...
Kelengkapan kendaraane yo Podo dinggo, Koyok HELM sing standar SNI, Ojo Helm proyek opo sigaran ball mbok enggo..
Spion yoo ngono dipasang loro kiwo tengen ojo kiwo kabeh ndak koyo wOng gendeng, opo yo rumangsane ben iso karo ngilo ben ketok untune seng njepat....
Plat nomere seng biasa wae rasah dibentuk-bentuk sing aneh2, opo meneh ditulisi jenenge mbahmu, mbokmu, lekmu, adikmu,
Sing nyopir mobil yo ojo lali nganggo sabuk pengaman, Ojo cuman kanggo pajangan tok, lan umpomo mobile ora ono sabuk pengamane yo nganggo debok gedang garing opo tali rafia ....
Sing numpak motor roda 2 tetep nguripke lampu (awan karo bengi), lha sing lampune pedot yo ndang ditukokne lampu, nek perlu lampu neon seng gedi ben mantep, lha Wong tuku Black berry utowo android seng mutakir wae kuat, Mosok tuku lampu sepuluh ewu wae aras-arasen ....
Wis Yoo, berita iki dang sebarno sak Indonesia lan sak karepmu, ben mundak weroh wartone karo nguya nguyu dewe mocone.....
Umpomo Mbok laksanakke yo alhamdulillah tak dongakne oleh berkah, Pomo Ora mbok laksanake yo AKU RAPOPO, Soale seng rugi dewe yo SOPO ????

"Salam soko bollo dewe, Polisi Indonesia"

Semoga bermanfaat
Matur thank you

Komentar